Pacobaning Urip
Srengenge
durung katon njedhul, nanging semburat abang ing sisih wetan wis mbranang. Jago-jago
padha pating kluruk ambarengi swara manuk-manuk kang pating cruwit, kaya-kaya
arep nggugah kabeh uwong sing padha turu nglinteg. Ananging, beda karo
kulawargaku sing wis padha tangi lan lagi cepak-cepak piranti kang arep digawa
menyang daleme simbah. Saperlu ujung lan silaturahmi marang para sedulur.
Sakrampunge cepak-cepak, kita
sakulawarga mangkat dateng daleme simbah numpak sepedha motor. Daleme simbahku
ana ing Desa Gulon, Kecamatan Muntilan. Jam setengah 8 aku uwis tekan ing daleme simbah. Nalika aku
sakulawarga tekan daleme simbah, kabeh sedulur uwis padha ngumpul.
“Nyuwun ngapunten kita telat Pak.”
pituture bapakku.
“Owalah ,, ora papa. Sing penting
slamet.” wangsulane simbah.
Aku weruh Beni, sedulurku lagi
lingguh ing kursi pojokan ruang tamu sinambi ngombe teh panas. Banjur aku
meraki Beni. Ora sengaja aku nyampar gelas sing ana ing ndhuwur meja. Gelase
pecah lan wedange wutah. Aku cepet-cepet njupuk lap kanggo ngelap wedhang kang
wutah, supaya ora mili tekan ngendi-endi.
Ananging, nalika aku lagi mlayu tumuju panggon aku nyampar gelas, aku
kepleset ing cerak lemari. Untung wae, sirahku ora kejedut lemari.
“Kwe ki kenapa Le?” pitakone bapakku
nalika meraki aku sinambi nulungi aku.
“Kula kepleset Pak.” wangsulku.
“Lha kepiye? Lara ora Le?”
“Mboten kok Pak. Namung bokong kula ngilu.”
“Yo mulane ki sing ngati-ati. Ora
usah mlayu-mlayu.”
“Wis ora papa to? Saiki ndang padha
neruske ujung marang sedulur liyane.” titahe simbah.
Banjur
aku sakulawarga lan para sedulurku neruske ujung marang sedulur liyane.
Sakwise rampung ujung, aku
sakulawarga siap-siap bali. Nalika jam 7 bengi aku sakulawarga pamit marang
simbah lan sedulur liyane. Nanging sakdurunge mulih, ibuku khawatir, pintu
mburi wis dikancing apa durung. Amarga bab kuwi ibu matur marang bapak supaya
banter anggone numpak motor.
Ing dalan anggone bapak numpak motor
banter banget. Ora di sangka, ana jeglongan
gedhe ing tengah dalan. Amaraga uwis bengi, dalane ora ketok.
Grrooobbyyaakkk…. Motore tiba. Aku sakulawarga tiba ing tengah dalan. Banjur
akeh uwong kang ngrubung lan nulungi. Aku sakulawaraga digowo menyang rumah
sakit sing paling cerak.
Ing rumah sakit, bapakku angsal
telpon saking Pak RT ing desaku. Pak RT ngendika menawa omahku kemalingan.
Malinge lewat lawang mburi omah. Ngerti kabar kuwi, bapakku ngendika marang
ibuku bab kadadean kuwi. Ibuku kaget, langsung ngejak bali sakwise diobati. Aku
sakulawarga bali numpak taksi.
Tekan ngomah wis akeh uwong ing
ngarep ngomahku kang padha niliki kahanan omahku. Pak RT ngendika yen malinge
ora kecekel.
“Wis Bu ora papa ikhlaske wae. Sing
penting slamet kabeh.” ngendikane bapakku.
“Arep piye meneh Pak. Uwis rapapa.
Sing wis ya uwis” wangsule ibuku.
Akhire aku sekulawarga ikhlas lan
tabah nrima ujian saking Gusti Allah. Saking kadadean iku, aku bisa njupuk pelajaran, yen tumindak apa wae
kudu ngati-ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar