ya udah deh aku tanya sendiri dan pastinya jawab sendiri dong ,, :)
hmm knp ya .. mungkin emang baru begitu ,,*hlo gmn sih bikin binggung aja ..
okay kita lupain aja tulisan di atas ,, kita langsung aja ke inti yaitu mengenai budaya bangsa indonesia ,,pastinya para pembaca tau wayang kan ,, Nah wayang itu salah satu budaya bangsa Indonesia ,, dan salah satu contoh wayang adalah werkudara atau bima ...
Nah pasti penasarankan gimana sih werkudara itu ,,?? silsilah di keluarganya siapa aja ..??
oke langsung aja .. selamat membaca ,, :)

Bima utawa kang luwih kaloka kanthi
jeneng Werkudara
iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi
Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur
sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.
Miturut Kitab
Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané
Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. Kacarita,
sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima
sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking
kageté, Bhima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing
gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné
sing ajur mumur. Bhima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé
Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila,
satemah mlayu sipat kuping.
Miturut crita
pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip
ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan
sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké
banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang. Jodhipati/Unggulpawenang.
Dasanamane Bima
§ Bayusuta :
putrané Bathara Bayu
§ Ballawa :
gedhé dhuwur
§ Bratasena :
keturunan Barata kang prakosa
§ Bhima :
ngédab-édabi (Mahabharata)
§ Birawa :
gedhé lan medèni
§ Dandunwacana:
teguh
§ Nagata :
nyata
§ Kowara :
kondhang
§ Sena :
prakosa
§ Werkodara/Werkudara
§ Wijasena
§ Pandhusiwi.
§ Kusumayuda
§ Kusumadilaga
§ Gandhawastratmaja
Bojone telu (gagrag Jogjakarta),
yaiku :
§ Dèwi
Nagagini, nduwé anak jenengé Antareja.
§ Dèwi
Arimbi, nduwé anak jenengé Gathotkaca.
§ Dèwi
Urangayu, nduwé anak jenengé Antasena.
Ø Anak-anaké
Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga
dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles
bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.
Ø Bima
uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara
bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara,
Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi
putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé
anak Bayu (déwaning angin).
Ø Aji-ajiné
aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané
kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo
sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu
karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan
ngandhani Bima perkara filsafat urip.
Ø Ing
pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.
Ø Raden
Werkudara iku salah sijining paraga sing kalebu wangsa Pandhawa. Tembung
Pandhawa iku ateges turunane Pandhu Dewanata narendra ing Negara Astina. Pandhu Dewanata iku
sejatine putra saka Begawan Abiyasa kang dhaup karo Dewi Ambalika. Gegayutan karo
kelairane Pandawa kababar ana kitab Mahabarata sing sepisan yaiku Adiparwa.
Ø Carita Adiparwa
§ Ing
sawijining dina, Begawan Abiyasa kasil menangke sayembara yaiku adu manah lan
kanggo bebungah, dheweke entuk telu putri raja Kasi kang asma Amba, Ambika lan Ambalika. Nalika Dewi Amba nyoba ngrayu Sang Begawan, ora dinyana dheweke
keno panah Begawan Abiyasa banjur seda. Saka Dewi Ambika, Sang Begawan
kanugrahan putra kang asma Drestharasta. Ananging, putrane mau
nyandhang cacat wuta. Dene saka Dewi Ambalika, dheweke kanugrahan putra sing
nomer loro asmane Pandhu Dewanata kang nyandhang
cacat tengeng. Nalika isih timur, Drestharasta dhaup karo Dewi gendari lan lair anak cacah
satus yaiku Korawa.
Tembung Korawa ateges keturunan saka Kuru. Sabanjure rayine yaiku Pandhu Dewanata
dhaup kro putri loro kang asma Dewi Kunthi lan Madrim. Ananging
amarga kutukan saka Begawan Kimindama, Pandhu ora
bisa duwe anak. Garwa kang nomer siji, duwe mantra kanggo ngundang dewa – dewa
supaya kanugrahan anak lanang. Aji iku disebut Aji Adityaredhaya. Saengga Dewi
Kunthi bisa nglairke telu bayi lanang yaiku Yudhistira
saka Bathara Dharma, Werkudara saka Bathara
Bayu lan Arjuna
saka Bathara
Indra. Dewi madrim uga ora kalah, dheweke
kanugrahan putra kembar yaiku Nakula lan Sadewa saka Bathara Aswan lan Aswin. Anak lima mau kang sinebut Pandhawa
Lima. Mangkono sejarah kelairan saka Pandhawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar